GEGURITAN
1. Pengertene GeguritanGeguritan yaiku wohing susastra kang bahasane cekak, tembunge duwe makna kang jero, lan nggunakaken tembung - tembung rinengga (purwakhanti suuara, sastra lan basa) wujud geguritan iku saemper karo sair (syair) panulise kanthi bait - bait / gatra. Geguritan iku kelebu puisi jawa modheren, amarga ora kawengku dening patokan tinamtu kaya dene tembang macapat.
2. Unsur - Unsur Geguritan
Geguritan iku kawangun saka unsur fisik lan batin, dene katrangane kaya mengkene.
a. Unsur fisik yaiku ;
Diksi : yaiku ngatekake lan menehi tekanan basa, utamane babagan tembung - tembung ing geguritan, ing perangan isa awujud irama lan rrima.
- Citraan yaiku : andharan saka panulis supaya gawe sengsem para pamaose
- Majas yaiku : wujud ukara kang isanarik kawigaten
- Bunyi yaiku : nempokake tembung - tembung kang digunakake isa narik kawigaten, mula kudu duwe nilai sastra nanging komukatif
- Tipografi yaiku : wujud geguritan iku saka narik kawigaten
b. Unsur Batin yaiku ;
- Tema yaiku, gagasan pokok kang diadharakhe dening penyair lumantar geguritan yaiku, tema ketuhanan (religius), tema kamanungsaan tresna patriotisme , perjuangan, urip kang gagal, alam kritik sosial, keadilan, demokrasi lan tema persahabatan.
- Perasaan (rasa pangrasa)
Rasa pangrasa kang kepingen di andharake dening pangripta nemtokake nolak nyarujuki opo nyengkuyung tumrap rasa iku
- Nada / Irama
Nada yaiku, kajiwan pujangga nalika nggripta geguritan. nada njlentreake sikap pangripta marang riptane. dadi kanthi nada tinamtu wes isa nitik kepriye andarane pangrita.
- Amabat / pitutur
Lumantar tulisan. pangriptan geguritan isa nggandarake pesen kang bakal dijlentrahake
Sumber yang saya dapatkan :
- Penjelasan dari guru saya disekolah
- Buku Catatan pelajaran saya